kali ini ane bakalan update tentang pidato bahasa jawa yang singkat dan pendek. ya udah gak usah basa- basi lagi ini dia pidato bahasa jawanya..
.:
Asssalamualaikum wr.wb
Bapak lan Ibu guru ingkang kula urmati, saha
rencang-rencang ingkang kula tresnani.sumangga kula lan
panjenengan ngonjukaken puja lan puji syukur marang Allah SWT
ingkang sampun maringi bagas waras,ayem tentrem marang kula lan panjenengan ingkang kanthi
saget kempal manunggal in papan punika kanthi mboten wonten halangan
satunggalipun
Kula ingkang wakili rencang-rencang matur
sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula lan rencang-rencang ingkang dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika.Kula sakonco inggih
badhe nyuwun pangestunipun supados kula lan rencang-rencang saget dados tiyang
ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bangsa lan negara. Kula nggih
gadhah pesen marang adi-adik kelas 7 lan 8 ingkang sregep sinau supados saget
wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.
Cekap semanten saking
kula, manawi kula lan rencang-rencang
kagungan sisip sembering Ingkang klenthu, kula nyuwun pangaputen dumateng
bapak lan ibu guru. Kula aturaken matur sembah suwun.
Wassalamualaikum wr.
Wb
itulah pidato bahasa jawa yang singkat dan pendek.







0 comments:
Post a Comment